Bintang Kartika Eka Paksi

Bintang Bintang Jasa Utama

Bintang Kartika Eka Paksi (basa Sansekerta: peksi (manuk) gagah tanpa tandhing; kartika ateges bintang utawa bintang; eka ateges satunggal; paksi ateges sewiwi, manuk) inggih punika salah satunggaling wujud bintang tandha kaurmatan ingkang dipunwedalaken lan dipunparingaken déning Tentara Nasional Indonesia Angkatan Darat Republik Indonesia kanggé anggota korpsipun ing babagan militèr ingkang sampun ngetingalaken kaprigelanipun, kawicaksananipun, lan ugi jasa-jasa ingkang sanget luar biyasa ingkang sampun nglangkungi tugas kuwajibanipun tanpa ngrugekaken tugasipun ingkang baku.[1]

Bintang Kartika Eka Paksi inggih punika minangka bintang TNI Angkatan Darat ingkang kapérang saking tigang kelas, inggih punika:[2]

  1. Bintang Kartika Eka Paksi Utama
  2. Bintang Kartika Eka Paksi Pratama
  3. Bintang Kartika Eka Paksi Nararya
  1. Bintang Kartia Eka Paksi
  2. BINTANG KARTIKA EKA PAKCI(dipunundhuh tanggal 8 Maret 2013)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne